Tulisan Dr. Suwardi Endraswara (Doktor mistik kejawen, penulis buku Ilmu Jiwa Jawa)
Dikutip dari koran Kedaulatan Rakyat Minggu 29 Juli 2012.
Siapa bisa bantu terjemahkan?
Manut
angger-angger psikologi watak dening Ki Ageng Suryamentaram, ana watak
telung perkara sing ora klebu kasinungan ngelmu begja. Bab iku uga
diwahyakake dening Ki Grangsang Suryamentaram, putrane, jaman aku
ditimbali mbabar psikologi Jawa ing Jalan Barito Jakarta sawetara wektu
kepungkur. Wong Jawa, ujare bakal kedohan ngelmu begja lamun isih
nindakake watak jugul, jegal lan jagal.
Sekawit, aku isih
tidha-tidha. Apa bener wong Jawa duwe watak kang ala kaya ngono iku?
Bareng aku dhewe nemahi lelakon, sing gepok senggol karo telung watak
iku, lagi percaya. Wong Jawa pancen sok ndrawasi. Jlentrehe watak telung
bab iku, bakal nuwuhake perkara anyar kang ngeres. Adoh seka ngelmu
begja. Sebab, manut Ki Grangsang Suryamentaram, ngelmu begja bakal
tumama marang wong sing ngerti marang kekurangane dhewe. Wong sing
ngerti lupute dhewe, banjur gelem mawas dhiri. Adat saben, watak Jawa jugul, jegal lan jagal bakal nganggep dhirine ora tau salah.
* * *
Sepisan, bakal dakjarwani, dununge watak jugul,
tegese bodho, goblog. Wong Jawa sing bodho, iku asrining nindakake
telung perkara, yaiku: (1) tumindak sing sasar-susur, ora dinalar, kang
bakal ngrugekake liyan, (2) tumindak sing gampang meri, drengki srei,
jail methakil, lan menang-menange dhewe, (3) tumindak sing nggugu karepe
dhewe, manut wudele, sing tanpa nggatekake karyenak tyasing sesama.
Wong bodho kuwi sok keminter, kanggo nutupi gobloge.
Wong bodho, ing wewengkon budaya Jawa dikandhakake kaya kebo. Ing lagu Wajibe Dadi Murid, tinemu larik sing muni: suwe-suwe mundhak bodho plonga-plongo kaya kebo bo, bocah bodho dho, suk gedhe plonga-plongo kaya kebo.
Kebo, ing konteks iki dianggep kewan sing bodho. Gampang dikeluhi.
Kalamangsane disabeti, dinggo megawe, dinggo nggaru luku, lan rekasa
uripe. Mergane, dheweke dianggep jugul, emoh mikir. Sing diujungake
dawane sungu, mberik, nyudhang, lan mbijig. Yen ana wong liya bakal
entuk kanikmatan, kebo asring mbijig-mbijig, sungu sing ditamakake. Iki
tumindak sing bodho, sebab tanpa petung.
Wong Jawa asring kandha bodhone pitulikur. Mula ing lelagon Semut Ireng, ana larik sing muni: Kebo bongkang nyabrang kali bengawan.
Yaiku, wong Jawa bodho, sing durung kukuh nyekeli agama. Dhasar kebo,
ana unen-unen pasemon jenenge wong yaiku Kebo Marcuwet lan Kebo Ijo,
nuduhake wong sing kurang akal, ning sugih okol. Kabeh nuduhake watak
jugul, sing asor, tanpa nalar.
Kapindho, watak jegal.
Yaiku watak wantune wong Jawa sing uga ora adoh seka kebo. Wong bodho
iku adate seneng njegal. Njegal, tegese niat ala supaya wong liya tiba
krungkeb. Sokur bage wong sing kejegal njungkel njempalik. Wong dijegal
biasane nggon sikil, ditarik peksa, nganti awake ora imbang, saengga
tiba senggoyoran. Patrap wong sing seneng njegal, adate kedayan seka
rasa meri, drengki, srei, jail methakil.
Pengalamanku, tau
dijegal sakayange dening priyagung sing goblog. Tukang njegal iku sok
tuwuh rasa greteten. Pijer golek-golek, pasang kala. Persis jagal arep
njegal sapi sing arep dibeleh. Dheweke seneng yen ana wong liya susah.
Tuladhane, angger ana kanca arep munggah pangkat, dipetani lupute.
Anggone metani luput srana nggolek-nggolek perkara, watone bisa njegal
wong liya. Wing sing kulina njegal, lumrahe atine metu wulune. Dheweke
lumuh kungkulan drajat, pangkat, lan kasugihane.
Yen ana wong
liya arep munggah jabatan, disogroki, disrimpeti seka kiwa tengen.
Kareben wong mau ora sida nampa kabegjan. Upama klakon entuk kabegjan,
yen bisa digawe angel lan suwe. Niat ala sok wis muncul seka wong sing
kepengin njegal.
Ing lakon kethoprak Minakjingga Lena, uga asring
tinemu jegal-jegalan. Jegal-jegalan mau kaperbawan seka nafsu angkara
budi candhala. Jaman Layang Seta karo Layang Kumitir njegali Damarwulan,
wis cetha banget. Niat bureng wis cetha njedhul seka wong kang emoh
kungkulan sabarang gawe. Sing paling ndayani watak njegal yaitu dayaning
watak amarah. Yaiku watak pengin nelukake wong liya. Yen perlu dhirine
sing paling hebat, paling senior, paling sugih, lan paling super
sadonya. Watak njegal kuwi adate sugih kemonah, julig. Dheweke seneng
apus krama. Uga seneng dolanan ukara, tembunge alus, yen ing ngarep sok
katon sumadulur, ning jebul ing mburi nggretheli. Ing mburi ngagar-agari
pedhang.
Katelu, watak jagal. Watake wong Jawa siji iki
mbebayani banget. Merga, dheweke kedunungan sipat tegelan. Jagal, tegese
wong sing tegel nyawang luntake getih. Mula, yen wis duwe rasa serik,
jagal mono sok tega marang patine liyan. Yen watak njegal, isih
kasinungan unen-unen tega larane ora tega patine, watak jagal
saya tega patine. Pati ing kene ora mesthi ilange nyawa. Nangin klebu
ilange gegayuhan, supaya wong liya pepes bebayune.
Akeh wong Jawa
sing tegel merjaya liyan kanthi nyanthet, mitenah. Ana meneh sing tegel
nabok nyilih tangan. Mula seka iku, watak jagal kuwi asring ngincim.
Yen guru/dosen kedunungan watak jagal, asring duwe jiwa killer
(pembunuh). Bijine siswa/mahasiswa digawe ala. Kepiye wae, jagal iku
pancen ngrugekake liyan. Jagal mono, uga seneng njegal. Jagal sing jugul
saya meneh, sok golek alesan entek golek kurang amek. Rumangsane,
pribadine kaya apik-apika dhewe. Sing dadi gelah-gelahing jagad kuwi,
watak Jawa jugul, seneng njegal, lan ketambahan njagal. Wong liya
pijer dadi mungsuh. Gumunku, wong sing watak ngono mau sok awet urip.
Tobil anak kadhal, wonge kakeyan pokil seneng njegal.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar