Senin, 13 Agustus 2012

Watak Jawa: Jugul, Jegal, lan Jagal

Tulisan Dr. Suwardi Endraswara (Doktor mistik kejawen, penulis buku Ilmu Jiwa Jawa)
Dikutip dari koran Kedaulatan Rakyat Minggu 29 Juli 2012.
Siapa bisa bantu terjemahkan?

Manut angger-angger psikologi watak dening Ki Ageng Suryamentaram, ana watak telung perkara sing ora klebu kasinungan ngelmu begja. Bab iku uga diwahyakake dening Ki Grangsang Suryamentaram, putrane, jaman aku ditimbali mbabar psikologi Jawa ing Jalan Barito Jakarta sawetara wektu kepungkur. Wong Jawa, ujare bakal kedohan ngelmu begja lamun isih nindakake watak jugul, jegal lan jagal.

Sekawit, aku isih tidha-tidha. Apa bener wong Jawa duwe watak kang ala kaya ngono iku? Bareng aku dhewe nemahi lelakon, sing gepok senggol karo telung watak iku, lagi percaya. Wong Jawa pancen sok ndrawasi. Jlentrehe watak telung bab iku, bakal nuwuhake perkara anyar kang ngeres. Adoh seka ngelmu begja. Sebab, manut Ki Grangsang Suryamentaram, ngelmu begja bakal tumama marang wong sing ngerti marang kekurangane dhewe. Wong sing ngerti lupute dhewe, banjur gelem mawas dhiri. Adat saben, watak Jawa jugul, jegal lan jagal bakal nganggep dhirine ora tau salah.

                         * * *

Sepisan, bakal dakjarwani, dununge watak jugul, tegese bodho, goblog. Wong Jawa sing bodho, iku asrining nindakake telung perkara, yaiku: (1) tumindak sing sasar-susur, ora dinalar, kang bakal ngrugekake liyan, (2) tumindak sing gampang meri, drengki srei, jail methakil, lan menang-menange dhewe, (3) tumindak sing nggugu karepe dhewe, manut wudele, sing tanpa nggatekake karyenak tyasing sesama. Wong bodho kuwi sok keminter, kanggo nutupi gobloge.

Wong bodho, ing wewengkon budaya Jawa dikandhakake kaya kebo. Ing lagu Wajibe Dadi Murid, tinemu larik sing muni: suwe-suwe mundhak bodho plonga-plongo kaya kebo bo, bocah bodho dho, suk gedhe plonga-plongo kaya kebo. Kebo, ing konteks iki dianggep kewan sing bodho. Gampang dikeluhi. Kalamangsane disabeti, dinggo megawe, dinggo nggaru luku, lan rekasa uripe. Mergane, dheweke dianggep jugul, emoh mikir. Sing diujungake dawane sungu, mberik, nyudhang, lan mbijig. Yen ana wong liya bakal entuk kanikmatan, kebo asring mbijig-mbijig, sungu sing ditamakake. Iki tumindak sing bodho, sebab tanpa petung.

Wong Jawa asring kandha bodhone pitulikur. Mula ing lelagon Semut Ireng, ana larik sing muni: Kebo bongkang nyabrang kali bengawan. Yaiku, wong Jawa bodho, sing durung kukuh nyekeli agama. Dhasar kebo, ana unen-unen pasemon jenenge wong yaiku Kebo Marcuwet lan Kebo Ijo, nuduhake wong sing kurang akal, ning sugih okol. Kabeh nuduhake watak jugul, sing asor, tanpa nalar.

Kapindho, watak jegal. Yaiku watak wantune wong Jawa sing uga ora adoh seka kebo. Wong bodho iku adate seneng njegal. Njegal, tegese niat ala supaya wong liya tiba krungkeb. Sokur bage wong sing kejegal njungkel njempalik. Wong dijegal biasane nggon sikil, ditarik peksa, nganti awake ora imbang, saengga tiba senggoyoran. Patrap wong sing seneng njegal, adate kedayan seka rasa meri, drengki, srei, jail methakil.

Pengalamanku, tau dijegal sakayange dening priyagung sing goblog. Tukang njegal iku sok tuwuh rasa greteten. Pijer golek-golek, pasang kala. Persis jagal arep njegal sapi sing arep dibeleh. Dheweke seneng yen ana wong liya susah. Tuladhane, angger ana kanca arep munggah pangkat, dipetani lupute. Anggone metani luput srana nggolek-nggolek perkara, watone bisa njegal wong liya. Wing sing kulina njegal, lumrahe atine metu wulune. Dheweke lumuh kungkulan drajat, pangkat, lan kasugihane.

Yen ana wong liya arep munggah jabatan, disogroki, disrimpeti seka kiwa tengen. Kareben wong mau ora sida nampa kabegjan. Upama klakon entuk kabegjan, yen bisa digawe angel lan suwe. Niat ala sok wis muncul seka wong sing kepengin njegal.

Ing lakon kethoprak Minakjingga Lena, uga asring tinemu jegal-jegalan. Jegal-jegalan mau kaperbawan seka nafsu angkara budi candhala. Jaman Layang Seta karo Layang Kumitir njegali Damarwulan, wis cetha banget. Niat bureng wis cetha njedhul seka wong kang emoh kungkulan sabarang gawe. Sing paling ndayani watak njegal yaitu dayaning watak amarah. Yaiku watak pengin nelukake wong liya. Yen perlu dhirine sing paling hebat, paling senior, paling sugih, lan paling super sadonya. Watak njegal kuwi adate sugih kemonah, julig. Dheweke seneng apus krama. Uga seneng dolanan ukara, tembunge alus, yen ing ngarep sok katon sumadulur, ning jebul ing mburi nggretheli. Ing mburi ngagar-agari pedhang.

Katelu, watak jagal. Watake wong Jawa siji iki mbebayani banget. Merga, dheweke kedunungan sipat tegelan. Jagal, tegese wong sing tegel nyawang luntake getih. Mula, yen wis duwe rasa serik, jagal mono sok tega marang patine liyan. Yen watak njegal, isih kasinungan unen-unen tega larane ora tega patine, watak jagal saya tega patine. Pati ing kene ora mesthi ilange nyawa. Nangin klebu ilange gegayuhan, supaya wong liya pepes bebayune.

Akeh wong Jawa sing tegel merjaya liyan kanthi nyanthet, mitenah. Ana meneh sing tegel nabok nyilih tangan. Mula seka iku, watak jagal kuwi asring ngincim. Yen guru/dosen kedunungan watak jagal, asring duwe jiwa killer (pembunuh). Bijine siswa/mahasiswa digawe ala. Kepiye wae, jagal iku pancen ngrugekake liyan. Jagal mono, uga seneng njegal. Jagal sing jugul saya meneh, sok golek alesan entek golek kurang amek. Rumangsane, pribadine kaya apik-apika dhewe. Sing dadi gelah-gelahing jagad kuwi, watak Jawa jugul, seneng njegal, lan ketambahan njagal. Wong liya pijer dadi mungsuh. Gumunku, wong sing watak ngono mau sok awet urip. Tobil anak kadhal, wonge kakeyan pokil seneng njegal.

Tidak ada komentar: